Rabu, 26 Oktober 2016

ATUR PAMBUKA PURWANING PAHARGYAN


Assalamu'alaikum wr. wb.

(ayat)

Sih rahmat tentrem rahayu nugrahaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, tansah tumedhak waradin sagung dumadi, kajiwa lan kasarira ing panjenengan sedaya lan kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan. 

Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ngonjukaken raos syukur dhumateng sahandhap pepadaning Gusti Kang Akarya Jagat, Allah SWT, kanthi sesarengan kula lan panjenengan ikroraken maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu nirmala, niskala, uwal saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Allahumma amin.

Panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun ........................ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun para 'alim para 'ulama, para kyai lan para ustadz ingkang mboten saged kula sebat setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu berkah pangestu, pendonga miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapa dene para pengombyong temanten saking _____________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda. Nuwun inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ___________________ ingkang hamengku gati, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih adicara pahargyan dhedhaupanipun Anak Ajeng ______________________ kaliyan Sang Abagus______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu ______________ ingkang pidalem ing _____________________.

Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Sanggya adilenggah, para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmatan, keparenga atur uninga bilih prastawa gati akad nikahing putra temanten, alhamdulillah sampun kaleksanan dhuk kalawau enjing, nuwun inggih dinten ________________ watawis tabuh ________ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, nyarengi surya kaping ____________________ mapan wonten ing _______________ kanthi sineksenan dening para kadang kulawarga minggahipun para sesepuh lan pinisepuh kanthi manggih wilujeng, kalis ing sambekala.

Wondene menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinacik, rinumpat, lan rinumpaka dening para kadang kulawangsa kangge hangrenggani pahargyan samangke, nuwun inggih kadi ingkang badhe katur mekaten:

Titilaksana ingkang sepisan, tinarbuka kanthi pambuka

Urut angka 2, nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.

minangka urut angka 3, nenggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an

Atur Pambagyaharja, minangka urut angka 4

Srah Tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut angka 5 lan 6.

Salajengipun Kirab lan Sumene minangka urut angka 7

Dene urut angka 8, nuwun inggih SabdaTama utawi Mau'idzah Hasanah

Lan urut ingkang pungkasan inggih menika Donga lan panutup

Wondene adicara ingkang badhe kawengku ing salebeting Upacara Panggih inggih menika:
Urut ingkang sepisan, sowanipun risang putra calon temanten putri kalenggahaken ing sasana rinengga.
Kalajengaken praptanipun putra calon temanten kakung minangka urut angka 2.
Dene urut angka 3 nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur, lan sru panyuwunipun Bp/Ibu ____________________ sagung kulawarga, mugi panjenengan sedaya keparenga paring puja-puji pangastuti tumrap sri temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih.

Wondene minangka tandha purnaning adicara pahargyan prasaja menika, nuwun inggih menawi mangke putra temanten sarimbit sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga, lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (>>wiwaraning pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged lancar, rancag tanpa manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Minangka pambukaning adicara sumangga nuwun kula dherekaken maos Ummul Kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala wa lisyafa'ati rosulillah shollallohu 'alaihi wasallam, al faatihah.

===(maos fatihah)===


Matur nuwun. Mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing siang/dalu menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

SULUK PANYANDRA AWAL PAHARGYAN


KANTHI GENDING KETAWANG IBU PERTIWI
lajeng kasigeg

[SULUK]:
wanodyatama ngambar arum
ngambar arum lir kuusuumaaaa.......
ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......

[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya ........ pinilih minangka dinten sawiji, jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.

Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.