Rabu, 26 Oktober 2016

SULUK PANYANDRA AWAL PAHARGYAN


KANTHI GENDING KETAWANG IBU PERTIWI
lajeng kasigeg

[SULUK]:
wanodyatama ngambar arum
ngambar arum lir kuusuumaaaa.......
ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......

[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya ........ pinilih minangka dinten sawiji, jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.

Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar