Rabu, 26 Oktober 2016

ATUR PAMBUKA PURWANING PAHARGYAN


Assalamu'alaikum wr. wb.

(ayat)

Sih rahmat tentrem rahayu nugrahaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, tansah tumedhak waradin sagung dumadi, kajiwa lan kasarira ing panjenengan sedaya lan kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan. 

Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ngonjukaken raos syukur dhumateng sahandhap pepadaning Gusti Kang Akarya Jagat, Allah SWT, kanthi sesarengan kula lan panjenengan ikroraken maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu nirmala, niskala, uwal saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Allahumma amin.

Panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun ........................ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun para 'alim para 'ulama, para kyai lan para ustadz ingkang mboten saged kula sebat setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu berkah pangestu, pendonga miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapa dene para pengombyong temanten saking _____________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda. Nuwun inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ___________________ ingkang hamengku gati, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih adicara pahargyan dhedhaupanipun Anak Ajeng ______________________ kaliyan Sang Abagus______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu ______________ ingkang pidalem ing _____________________.

Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Sanggya adilenggah, para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmatan, keparenga atur uninga bilih prastawa gati akad nikahing putra temanten, alhamdulillah sampun kaleksanan dhuk kalawau enjing, nuwun inggih dinten ________________ watawis tabuh ________ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, nyarengi surya kaping ____________________ mapan wonten ing _______________ kanthi sineksenan dening para kadang kulawarga minggahipun para sesepuh lan pinisepuh kanthi manggih wilujeng, kalis ing sambekala.

Wondene menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinacik, rinumpat, lan rinumpaka dening para kadang kulawangsa kangge hangrenggani pahargyan samangke, nuwun inggih kadi ingkang badhe katur mekaten:

Titilaksana ingkang sepisan, tinarbuka kanthi pambuka

Urut angka 2, nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.

minangka urut angka 3, nenggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an

Atur Pambagyaharja, minangka urut angka 4

Srah Tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut angka 5 lan 6.

Salajengipun Kirab lan Sumene minangka urut angka 7

Dene urut angka 8, nuwun inggih SabdaTama utawi Mau'idzah Hasanah

Lan urut ingkang pungkasan inggih menika Donga lan panutup

Wondene adicara ingkang badhe kawengku ing salebeting Upacara Panggih inggih menika:
Urut ingkang sepisan, sowanipun risang putra calon temanten putri kalenggahaken ing sasana rinengga.
Kalajengaken praptanipun putra calon temanten kakung minangka urut angka 2.
Dene urut angka 3 nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur, lan sru panyuwunipun Bp/Ibu ____________________ sagung kulawarga, mugi panjenengan sedaya keparenga paring puja-puji pangastuti tumrap sri temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih.

Wondene minangka tandha purnaning adicara pahargyan prasaja menika, nuwun inggih menawi mangke putra temanten sarimbit sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga, lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (>>wiwaraning pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged lancar, rancag tanpa manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Minangka pambukaning adicara sumangga nuwun kula dherekaken maos Ummul Kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala wa lisyafa'ati rosulillah shollallohu 'alaihi wasallam, al faatihah.

===(maos fatihah)===


Matur nuwun. Mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing siang/dalu menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

SULUK PANYANDRA AWAL PAHARGYAN


KANTHI GENDING KETAWANG IBU PERTIWI
lajeng kasigeg

[SULUK]:
wanodyatama ngambar arum
ngambar arum lir kuusuumaaaa.......
ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......

[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya ........ pinilih minangka dinten sawiji, jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.

Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.

Jumat, 05 Februari 2016

SUNGKEMAN

Penganten kakung wus jengkar saking dhampar dhenta, kursi rinengga, anganthi ingkang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi, nenggih rama lan ibu, lampah dhodhok bebasan sata matarangan, esthining penggalih amung sumedya sumungkem dhateng padanipun ingkang rama ibu, sigra tumungkul yayah konjem pratala i wadanane temanten sarimbit,
Tangkepeng asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipta rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudya hastawa puji hastuti saking rama miwah ibu, mring esthining driya denira bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Maha Welas lan Asih.
Dupi sinungkeman ing pepadanira ingkang rama miwah ibu, datan bisa ngunandika, kadya sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih, dene putra kang linairake saiki wus diwasa arep mangun bale wisma, datan karasa trenyuhing driya akarya tumetesing waspa lamun cinandra kadya mutyara rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putra, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresna asih.
Apa ta menggah darunane…..?
Jro sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikala linairake aneng jagad padhang, ginadhang gadhang kinudang kudang wiwit alit engga diwasa,
Enget marang rama ingkang wus sembada angukir jiwa ragane miwah dadya lantaraning tumuwuh.
Enget marang ibu ingkang wus kuwawa dadya sasana yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anglelithing anggulawenthah wiwit kalane ing guwa garba nganti tumekeng akhir diwasa, rumaos menawi ageng sanget anggenipun kathah dosanipun dhateng rama ibu lan kapetangan budi, enget kapan saged atur piwales.
Eling – eling risang panganten wiwit timur mula anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amila namung sakedhep netra wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa cekap ing samudana.
Waspada ing semu dupi anguningani bilih ingkang putra denira karerantan galih, kadya kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasita adi, mangkana ta umpami kawijiling lesan . :
“ Dhuh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik sira dak kekudang yen ta diwasamu bisa winengku dening satriya tama , ingkang sembada hangayomi jiwa ragamu ing donya prapteng delahan, ing kalungguhan iki, sepira ta lega bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang mengkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Maha Agung, Pangestune rama ibu marang sira sakloron bebasan tansah anglur selur pindha ilineng narmada, muga anggonmu palakrama bisa tuwuh hangrembaka, nganthi tumekaning kaki nini, alandhesan darmaning rasa tresna kang hangrembaka, binarung lan pangestune rama ibu kang wus satraju marang palkramamu , bisa atut runtut kadi mimi lan mintuna, mugya tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerta lan godha rencana, sarta dak sesuwun ing rina pantaraning ratri, muga enggala antuk talining brayat , yaiku wujuding pratima kang bangkit bisa tata jalma, ingkang datan liya momongan minangka rengganing bale wisma lan talining bebrayan “.
Dupi wus paripurna anggenipun sungkem pangabekti dhateng padanipun rama-ibu, temanten sarimbit kanthi kebak tata susila, subasitaning putra dhateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arsa nglenggahi dhampar rinengga.


Candra menawi ngagem Beksa

       Beksan Gambir Anom Gandrung


Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman asmara kayungyun marang kasulistyane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati.

Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih amung sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil aneng padoning netra, tumus ring tung-tunging nala. Linali-lali saya ngagela ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar, lamun dalu tan arsa nendra.

Lenggah datan bisa jenak. Obah datan krasa kapenak, labet denira karungrungan anandhang wirangrong. Mapan mangkana salagane janma kataman brangta kunjana papa. Ingarih-arih tan bangkit lilih, ingela-ela tan mantra piguna.

Kasigeg panyandraning beksan Gambir Anom. Wonten kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.


Panyandra Beksan Panji Sekartaji

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Ana sesotya coplok saking embanan tumibeng wana. Pranyata menika musthikaning ayu Putri Praja Jenggala, ingkang asesilih Dewi Sekartaji, inggih Dyah Ayu Galuh Candrakirana.

Kasangsaya ing turida, rudatine angranuhi, ngrencaka temah wigena, kasurang-surang nahen kung. Analasak wanawasa, tan samar pringga bayaning margi. Sayahing ingkang sarira datan rinasa, rusaking busana datan dadya karana.

Awirandhungan lampahira, saisining wana samya arebat bela sungkawa, parandene tan bangkit nyuda tikbraning nala ingkang amangun wulangun.
(Dewi Sekartaji atawan waspa sarwi asesambat angaru-ara)
“Kambang-kambang kumembeng rasaning ati, tinilar ing garwa, winawas tan bakal bali, lila lamun luluh lana.”
Hangga rapuh sarira hangalentrih, pindha linolosan bebayunira. Sapandurat datan emut purwa duksina, datan pana keblating jagad, sakala dhawah kapindhara.

(Panji Asmara Bangun marepeki Sang Dewi).
“Marbuk arum amrik minging gandanya, cumlorot tetarungan tejanira. Yeka tejanira Sang Panji Asmara Bangun, ugi kekasih Raden Panji Inu Kertapati. Putra Narendra Kraton Jenggala, wus sawatara mangsa lolos mendra saking praja, datan pepoyan kalawan ingkang garwa.

Kalokengrat bregase sang narendratmaja, dhasar mumpuni marang reh ingering kaprajan, putus mring saliring wedha palupi, lebda marang adi luhung endah edining budaya.
Waspada mulat sang abagus, kanyata ingkang nembe kapindhara jebul ingkang garwa. Marma gita-gita denparepaki, sarwi rinangkul arsa rinaras. Dinuwa karsaning raka datan linanggatan, jer ing galih maksih kogel, mangkel, asemu anyel.

Tetela Sang Dewi nglenggahi jejering wanitatama, kamantyan setya ing kakung, pakartinira mangkana yekti amung kinarya samudana leleda marang ingkang raka kewala. Kadi panjang putra dhawah ing sela gilang, pyur, sang kapirangu apagut tingal, marbuka asiking batos, rerangkulan humangsah akaronsih. Panggah pungguh tangguh tanggon ing patunggon, amberat sungkaweng tyas denira dadya lelakon.

Sigeg panyandraning Beksan Karonsih Panji Sekartaji. Wonten kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

PANATACARA SANESIPUN

01, ATUR PAMBAGYA HARJA


Sagunging para sepuh, pinisepuh, miwah sagung tamu undhangan ingkang satuhu dhahat kinormatan, ngancik titi laksana saklajengipun inggih menika atur pambagya raharja yuwana saking panjenenganipun ingkang hamenggu Gati Bapa ……………………………sekaliyan. Namung, labet saking bombong berawaning penggalih awit nguningani rawuhipun sagung tamu minulya, Bapa ……………………….. sekaliyan ngantos boten kuwawa nyalirani matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sami, saengga kepeksa minta sraya dhumateng Bapa …………………………………pinangka talanging basa ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapa ……………………………. Wekdal saha sasana wicara kaaturaken
…………………………………………………………….
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak …………………. Ingkang sampun kepareng hamakili kulawarga Bapak ……………………….ngaturaken pambagya rawuhipun sagung tamu minulya


2. SRAH TINAMPI

Bapak ibu, sagung tamu minulya, adicara ingkang angka …………………………. Inggih punika pangandikan saking kulawarga kadang besan, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Bapak………………………. Dhumateng panjenenganipun Bapak ……………… wekdal saha pandaya wara kaaturaken.
………………………………………………………………………
Makaten pangandikan saking duta saraya kadang besan aturipun Bapak ………………………… gya tinampi Bapa ……………………….. pinangka wakilipun Bapak ………………………. Ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapak …………………………. Wekdal saha sasanawara kaaturaken sumangga.
Matur nuwun kaaturaken dhumateng ngarsanipun Bapak ………………… ingkang sampun hamakili Bapak ……………………. Hanampi pangandikan saking kadang besan.


3. JAWAT ASTA – KEMBUL BOJANA

Sagunging para tamu kakung miwah putri ingkang dhahat kinormatan, sampun lenggah jajar sri pinanganten sarimbit esthining penggalih namung setunggal nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng ngarsanipun para pinisepuh, para pepundhen, sumarambah sagung tamu minulya mugi-mugi anggenipun napak bebrayan enggal sageda atut runtut rerentengan
pindha mimi amintuna dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah warahmah, miwah enggala pinaringan talining palakrama ingkang awujud pratima ingkang bangki tata jalma nenggih putra-putri ingkang sholeh-sholehah
Pinangka cihna paring panjurung donga miwah pangayubagya dhumateng risang temanten sarimbit miwah tiyang sepuhipun, sagung tamu minulya kalilan paring jawat asta .
Sasampunipun para tamu paring donga pangestu wilujeng dhumateng risang temanten sarimbit, awit kersanipun Bapak saha Ibu …………………… panjenengan kasuwun dhahar kembul bojana handrawina kanthi mardikaning penggalih.
Para tamu ingkang dhahat kinormatan , sasampunipun kapenggalih cekap saha badhe ngersakaken kondur, Bapak saha Ibu …………………. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tansah jinangkung karaharjan ngantos dumugi ndalem sowang-sowang . Sepisan malih Bapak saha Ibu ………………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan sedaya.


4. ATUR SESUKAN

Sagunging para tamu kangge hamiyak sepining swasana miwah hangregengaken pawiwahan prasaja ing siyang menika Bapak saha Ibu …………… kepareng nyugatakaken elekton tunggal saking ……… ingkang dipun pangarsani ………… kanthi swarawati …………………………………………………………………………………….
Pramila sumangga sugeng nglaras kanthi sekeca
Ugi bok bilih wonten para kadang ingkng kepareng badhe paring pisumbang sekar/lagu/ tetembangan: Campursari, ndhangdhut, Pop , keroncong lan sanes-sanesipun elekton tunggal ………………………………… tansah sawega ing gati.


5. PARIPURNA

Sagunging para pepundhen, para sepuh, pinisepuh ingkang minulya. Purwa, madya dumugi wasana pawiwahan sampun ndungkap paripurna. Awit saking menika, Bapak saha Ibu …………………………………….ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya para kadang ingkang sampun kersa paring panjurung panyengkuyung murih rancaging adicara ing siyang menika. Mbok bilih Bapak saha Ibu ……………………………. Kirang tanggap, 

Candra Bubak Kawah



Amestuti wasita adi sabdaning para winasis, dupi dumugi wayaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nun inggih Bapak miwah Ibu ….. sigra jumangkah anetepi darmaning agesang, wigati amberat sakathahing durgama, jer pungkasan anggenira amiwaha putra mahargya siwi, kanthi sarana ambikak kawah.

Wusnya binuka warana tutuping sesaji, tinon kendhaga kalih winor ing cahya sumunu, sajuga winastan kendhaga kencana. Dene ingkang sawiji winastan kendhaga mulya. Jroning kendhaga kawistara sunar warni seta myang rekta. Ingkang seta sinebat cupu adi mandhalika, dumadi saking pakartining bapa. Ingkang rekta sinebat cupu manik asta gina, dumadi saking pakartining biyung.
Kacarita, duk kalaning Bapa ………murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning Gusti. Kama awarna seta manunggal kang awarna rekta. Nulya Ibu …… kaparengaken anggarbini.

Antuk sacandra denira anggarbini ponang dat mulya ngambah alam eka kamandanu, dwicandra dumugi alam dwi panunggal, tricandra ing alam triloka maya, ugi winastan alam gondar-gandir, alam keliwat gawat, ingkang minta wewekaning rena.
Tulus lestari gya ngambah alam catur hanggajati, wulagang neng guwa garba, dinayan ing sarining pratiwi, bahni, banyu, miwah bayu, jangkep caturcandra, pinaringan gana bau. Pancacandra ngancik loka pancayitma jati. Sadcandra pinaringan sipat jangkep, mungging sadlokajati. Sapta kawasajati yeku alaming ponang jabang ingkang wus saptacandra, wus ginadhuhan pancadriya. Mila kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati, jati temah waluya.

Kocapa ing kalanira dereng wanci tumelunging wahyu tumulung, amila kaki nini jabang aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningken pancadriya, papat binerat, sajuga sinidikara, anut laksitaning bratajaya, anenggih bajra herawana.
Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning Sang Murbeng Gesang. Wudhar denira samadi ring loka astha sabda jati, amarengi kalaning asthacandra winahya. Nawacandra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking loka nawapurna jati, sumeleng suwung wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat, prapteng alam padhang lokapana, acecala sabda mulya cenger.

Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margaina. Kakang kawah, rahmuka, miwah adhi ari-ari. Jabang ambabar putri, wanci sapeken kaparenging rama ibu tinengeran Rara ……. Enggaling kang winursita, wit wekel taliti talaten anggenira anglelithing anggulawenthah, sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, katrampilan, kagunan, miwah kasusilan satatakramanipun, putra putri wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, anggung gumbira, wasis trampil, sinembuh ing sulistya.

Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah sembada jinatukrama dening sang satriya sumbaga wirotama ingkang wus sahabipraya kekasih Bagus ……. Atmajanipun Bapak saha ibu ………ingkang hanggung mastuti ing kautaman.
Mangkana ta wau saparipurnaning prastawa tuhu wigati wiwahaharja, panganten putri
sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas sagunging saru siku, anyenyandhang nugraha raharja bagya mulya.

Risang temanten sarimbit nulya samya lenggah jajar sumandhing, sesarengan anguningani isining kendhaga kencana sarta kendhaga mulya. Sri temanten wus tunggil tekade saiyeg saekakapti amangun brayan darmaning tumuwuh rama ibu, para sepuh, warga gotrah, sumawana kadang mitra tuwin ingkang sudi sredha angestreni, samya manembrama mangastungkara mangastuti manungku puji mrih kang tigas kawiwaha pinaringan wilujeng ing donya tuwin akerat, jejeg jumangkah, jajag jumurung kang jinangka, bagya, sumbaga, subagya.

Kasigeg panindaking upacara bubak kawah. Wonten kirang jangkeping tutur, galap-gangsul, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang jangkepipun pamengku. Saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Selasa, 02 Februari 2016

Pranata Adicara Siraman Calon Penganten



Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten putri hangaturaken :
Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger, putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep jejodoan, tak dongakno mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bgyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda. Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
1. Rama …………..
2. Biyung …………
3. Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu.
3. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4. Katuran dumateng……
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5. Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………
7. Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.