Selasa, 02 Februari 2016

Pranata Adicara Siraman Calon Penganten



Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten putri hangaturaken :
Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger, putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep jejodoan, tak dongakno mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bgyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda. Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
1. Rama …………..
2. Biyung …………
3. Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu.
3. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4. Katuran dumateng……
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5. Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………
7. Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar