Sabtu, 30 Januari 2016

Atur Sabdatama


Assalamu,alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun, kalawau kadang pranatacara nyebataken bilih kula ingkang badhe paring sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhumateng temanten sarimbit. Pancenipun dereng darajat menawi kula paring sabdatama, jer demung Sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi naming Pangeran ingkang dados tuking samukawis, mandhapipun dhateng salah satunggaling Raja ingkang nembe siniwaka. Mbok menawi tembung sabdatama ing riki, mengku teges wulang utami dhedhasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran, ingkang sampun kawahnya ing serat-serat suci.
Sanadyan kanthi awrating manah, karana ing mriki kathah rawuhipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, saha para wasis babagan wulang utami, parikedah boten saged hambantah, minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bebrayan, jer nyatanipun sanadyan langkung wasis tuein pinter anakmas temanten sekaliyan menawi kaliyan kula, nanging tumraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh. Punapadene panjenenganipun para tamu ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining purug anggen kawula hamakili panjenengan sadaya, suka wawasan tumrap theg kliweripun patembayatan bebrayan enggal.

Anakmas temanten sarimbit,
Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika salah satunggalipun kedaha nindakaken pakarti gangsal prekawis ingkang sinebat Malima. Malima ing mriki saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu lan metu.

Mlumah, punika nglumahaken tangan, utawi kridaha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

Mengkurep, punika ngurepaken asta, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih. Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulung, nanging aja nganti diweruhi dening wong akeh. Upama nindakake dana driyah, tangan tengen menehi dhuwit, paribasane tangan kiwa aja nganti weruh.

Modot, punika modot pikirane, modot nalare, tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alamdonya punika kedah tandah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.

Mlebu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi sanubari, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.

Metu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Kajawi nindakaken Malima, resepipun bebrayan sae, punika kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila.
Miturut ngendikanipun Ki. Sri Sadhono Among Rogo, Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipun piyambak boten sakeca lan prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes.
Dana ing tepa tegesipun raos pangraos makaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen.
Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhateng garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salamanipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa Putri, semanten ugi, adatipun saged nyaketaken sih tresnanipun kakung.

Kajawi punika ugi kedah nindakaken Sacatur, inggih punika Sarupa, sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.
Sarupa, tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak.
Sajiwa, tegesipun kedah saged momong watak, satunggal-satunggalipun.
Sawanda, tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih.
Saekapraya, tegesipun kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.

Hambok bilih namung semanten kemawon anakmas temanten, menggah anggen kula suka wawasan saha nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Minangka puputing atur, menawi wonten keladuking pangucap saha kiranging seserepan babagan wulang utami nyuwun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.


Rabu, 27 Januari 2016

PANYANDRA PENGANTEN PUTRI WIYOS PINUJUSASANA RINENGGA



1. Penganten putri miyos saking panti busana, lenggah ing sasana rinenggga.

- Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyura, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga
- Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswarinata, tinon saking mandrawa kawuryan abyor mompyor pating galebyar pating calorot pindha kartika gumingsir papan
- Meloking wadana, sumunu agiler-gilar pindha kencana binabar. Palarapane nyela cendhani sinungging pepaes awarna kresna. Rikma anjanges cecundhuk pinetha wulan tumanggal, den apit centhung kanan miwah kering lir peksi jiwa-jiwa.
Cundhuk mentul pinasng tata pinatut, katiyubing maruta manda pindha astane wong ayu kang lagi ngawe-awe kekasihe / Ukel tekuk kapenet ing sesekaran pinilih, lamun kadulu tuhu wimbuh hamantesi. Lamun cinandra kasulistyaning penganten putrid, sayekti luwih warna kurang candra. Dhasar sedheng dedege, mantesi genging sarira, sasolahe milangoni lelewane tansah hanuju prana , anggambaraken lamun pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang pinter bekti marang kakunge.
- Ing mangke nggenya lumaksana pinanganten putrid, wus ngancik unggyan kang tinuju. Dening juru sumbaga gya kaaturan lenggah ing dhampar pinasri
- Nalika samana, pinanganten putrid wus lenggah anggana raras, tegese lenggah piyambak-an . Jroning nggalih hamung tansah hangantu rawuhipun ingkang raka garwa, prandene datan kawijil pangandikane, hamung semuning wadana sung sasmita mugi pinanganten kakung daya-dya kaaturan rawuh.
- Pramila mbalung jagung supama, pinunggel semanten rumiyin, pangrumpaka adicara lenggahipun pinanganten putri ing sasana rinengga, tumuli badhe hangancik adicara salajengipun. Nuwun

Sungkeman



Dupi priksa lamun para pepundhen catur sampun kepareng lenggah, pinanganten sarimbit daya-daya jengkar saking palenggahan gya hangaturaken sungkem mring rama ibu. Candrane tansah kairing puja mugi tansah rahayu.
Nalika samana, sampun jengkar rising pinanganten sarimbit repepeh-repepeh pindha sata matarangan, ngabyantara ing ngarsa rama saha ibu. Wadana tumungkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta sumembah, sinartan eninging cipta nyadhong pangastawa saking rama ibu.
Gilir gumanti pinanganten sarimbit hangaturaken sungkem mring pepundhen catur. Sanadyan lir sinendhal mayang penggaliipun rama ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, parandene para pepundhen catur samya paring donga pangestu dhumateng pinanganten sarimbi. Mugi-mugi nggennya badhe amangun balewisma ing madyaning bebrayan agung, tansah tansah manggih cepaka mulya sawakul gedhene, liripun sageda tansah sembada kang sidedya, jumbuh ingkang ginayuh lan dumugi ingkang kaesthi. Lestari pinesthining jodho, atutruntut bagya lan mulya, tebih saking gora godha lan rencana.
Sampun paripurna adicara sungkeman, salajengipun pinanganten sarimbit arsa tedhak citra utawi foto sesarengan rama saha ibu, kinarya pepenget tumapakaking prastawa gati ing wanci punika.
Kanthi upacara tedhka citra, pratandha paripurna upacara adat panggihing pinanganten sarimbit. Daya-daya hangancik adicara salajengipun. Nuwun.

Katrangan : 
- Menawi nembe mantu sepisanan, padatan wonten upacara Bubak kawah. Dene cak-cakanipun wonten ingkang dipun damel rowa kanthi nyariosaken pinanganten wiwit tasih wonten kandhutan ngantos diwasa, uborampenipun ugi warni-warni. Nangin ugi wonten namung reringkesan, inggih punika kanthi ngunjuk rujak degan (degan gambaranipun kawah). Sedaya kala wau ngemu pasemon pangajabipun Rama Ibu dhumateng pengantin sarimbit, pinaraingana gangsar, rancak ing sedayanipun salebtipun miwiti mangaun balewisma. Sageda nulat lekasipun rama ibu, saged ambabar turas turun kinarya nyambet sujarahing rama ibu satemah damel mareming raos para sesepuh.
- Menawi mantu ingkang pungkasan, dipun adani upacara Tumplak punjen. Cak-cakanipun rama ibu ambagi pundhi-pundhi (kanthong) isi empon-empon , woj jene , arta receh, dhateng putra wahah. Wonten ugi ingkang mboten dipun kanthongi nanging dipun sebar lajeng kangge rebatan putra wayah.
Dene werdinipun, rehning sampun rampung kewajiban rama ibu dhateng putra, pramila tirahan rejeki peparingipun pangeran, dipun paringaken dhateng putra wayah kinarta netepi jejering sepuh tansah paring tutur, wur lan sembur.

Kirab Kasatriyan



Lamat-lamat kapiyarsa larasing gendhing Ktw. Subokastawa, nalika samana sampun binuka wiwaraning panti busana. Tan pantara dangu, katingal Sri atmaja pengantern sarimbit dening Ki Subomanggala gya kakanthi manjing madyaning sasana pahargyan.
- Tataning lampah sajuru-juru kadya napak tilas tataning kirab sakawit . Ingkang lumaksana ing ngayun nenggih sang subomanggala, sumusul sawingkingipun sang manggalayuda. Datan kantun Patah sakembaran, ingkang tan keri kalayan kepete.
- Sawingkingipun patah, punika ta warnane rising pinanganten sarimbit, kang wus hangrasuk busana kasatriyan. Pranyata wasis paraga ingkang piniji hamranata busananing pinanganten, sayekti datan wonten ingkang kuciwa. Sintenta paraga ingkang piniji pinangka juru raising penganten ? Tan sanes nenggih panjenengaipun Ibu Wara Drupadi, saking sanggar rias pengantin “Busana Adi” ingkang mapan ing Jalan Silihwangi angka 12 Madukara
- Saya wimbuh bagus pasuyane pinanganten kakung, saya wimbuh sulistya citrane pinanganten putri, sawusnya hangrasuk busana kasatriyan. Lamun sinawang yayah satriya Jenggala R. Panji Asmarabangun kaliyan putrid Kedhiri sang Dyah ayu Galuh Candra Kirana
- Jroning lumaksana kekalihira tansah akekanthen asta prasasat tan bisa pisah, pindhane renggang gula kumepyur glali. Kekalihira satuhu wus trep pindha curiga manjing jroning warangka. Sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri parandene kekalihira wus manunggal ing cipta rasa myang karsane …. Paraning sedya arsa lelayaran ing samodraning agesang bebrayan, sajuga kang sinedya nggayuh kulawarga kang bagya lan mulya. Pramila jroning lumaksana tansah bambabar esem kang sarwa manis , ing semu kejawi hangaturaken agungin panuwun, nangin ugi tansah nyuwun tambahing pangestu dhumateng sagung para tamu, murih sembada ingkang sinedya.
- Gantiya ingkang winuwus. Tan kadi ingkang lumaksana ing sawingkingin pinanganten sarimbit, nenggih para putri dhomas. Adhampyak-dhampyak lampahe sarwa sigrak, dedeg piadege racak, dhasare endah anggone macak, eseme esem semanak, mila mboten mokal lamun ingkang nyawang samya cingak. Pramila ambokbilih saking para sepuh samya kepingin mundhut mantu, utawi ingkang jejaka tumaruna kepingin pitepangan, keparenga sesambetan kaliyan protokole.
- Panutuping Kirab nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit. Samya bombing jroning pengghalih, dupi hamriksani pinanganten sarimbit datan kuciwa. Saya wuwuh sukaning penggalih para werdha catur, pindhane kadya kajugrugan wukir sari karoban samodra madu, dupi hamriksani kathahing para tamu ingkang samya kepareng rawuh. Katingal para tamu samya karenan jroning penggalih, pratandha suka jumurung hastuti mring kang lagya hanawung darmaning asepuh.
- Tan rinasa, ing mangke rising penganten sarimbit wus ngancik unggyan kang tinuju. Daya-daya dening Ki Subomanggala gya kaaturan lenggah malih ing dhampar pinasri
- Gelishing carita, dupi wus sembada hangayahi karya, ki subomanggala gya paring sasmita dhumateng para pngayabing kirab, kinen wangsul ing papan sakawit. Mundure Ki Subomanggala sinambi jejogedan pratandha suka jroning nggalih dupi wus bangkit hangentasi karya.

KIRAB KANARENDRAN



Sindhem premanem datan sabawa, ron-ronan datan ebah samirana datan lumampah. Hamung larasing gendhing Ktw. Langen Gita Sri Narendra munya hangrangin yayah asung pakurmatan dhumateng Dri Penganten sarimbit kang nembe kirab.
Dupi sampun sawetawis nggennya lenggah ing dhampar pelaminan, ing mangke Sri atmaja pinanganten sarimbit sampun kepareng jengkar saking sasana adimulya, arsa manjing panti busana, Keparenging karsa nedya lukar busana keprabon, gumbanti hangrasuk busana kasatriyan.
Lamun cinandra tataning lampah, ingkang lumaksana ing ngayun nenggih punika ta ingkang sinebat sang Subomanggala. Sinteta ingkang kepareng pinangka Subamanggalaning lampah ?. Tan sanes nenggih panjenengaipun Ki Lurah Badranaya. Dhasar sampun yuswa, lebda ing budaya, katitik tumapaking pada tansah nut wiramaning gangsa, sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Jroning lumaksana, sakedhap-sakedhap noleh nganan, sakedhap-sakedhap noleh ngering , sakedhap-sakedhap tumoleh wingking, Sayekti asung teuntunan dhumateng Sri Penganten sarimbit, murih tansah hanengenaken mring rasa pangati-ati, samubarang tumindak kedah linambaran petangan ingkang pratitis.
Sawurining sang Subomanggala, katingal ana jejaka tumaruna lumaksana jajar, busana kembar sarwi jenar, punika ta ingkang sinebat Manggalayuda ya talang pati ugi winastan Satriya kembar. Jroning lumkasana tansah mabukuh yayah prayitneng kewuh, hanjagi kayuwananing sang pindha Narendra. Dhasar satriya kekalih samya bagus pasuryane, sembada salirane, pramila pantes lamun kinarya bebetenging sri nata jroning lumaksana. Sinteta ingkang piniji pinangka Talang pati? nenggih Dhimas Bambang Priyambada dalah Bambang Wijarnarka.
Ingkang lumaksana sawingkingnya Manggalayuda, punika tawarnane patahing temanten. Pinaragan dening Nini Endang Aryani dalah Nini Endang Palupi. Sanadyan maksih wanodya alit, parandene sampun bangkit hangarah prana ingkang samya priksa. Mratandani bilih benjang dewasane tentu bangkit hangentasi karya.

Ingkang katingal abyor busanane, lumaksana tansah gegandhengan asta, nenggih punika ta gegununganing pahargyan, ya rising pinanganten sarimbit. Kekalihira samya sembada ing warna dhasar rinengga busana kang sarwa endah. Eling-eling sanes busana limrah , nanging tuhu pepethinganign busana. Mila mboten mokal kalamun pinanganten sarimbit datan mantra-mantra jalma madyapada , kawistara pindha Bathara Komajaya Komaratih mangejawantah.
Pinanganten kakung ngagem busana narendra, makutha kanigara, pinalipit rukmi ginepeng, pinatik rukma kumala. Atela warna kresna, sinulam benang kencana. Ngagem Sangsangan rinengga inten barleyan, carob kalayan sangsangan puspita rinonce, sinawang tuhu hangwimbuhi bregase temanteng kakung. Wangkingan warangka ladrang rinengga oncen-oncening puspita, kinarya lumksana ebah-ebah nambahi gagah. Nyamping Sidomukti pinarada, sayekti katon wibowo.

Pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang sulistya ing warni Gandhes luwes merak ati, sasolahe milangoni,. lelewane tansah hanuju prana. Kawimbuhan dedeg ngringin sungsang, prkulitan kuning nemu giring, guwaya mawa teja, polatan ndamar kanginan, wadana lir kirana purnmasidi. Alise nanggal sepisan, idepe tumengin tawang, netra kocak lindri-lindri , grana ngrungih, karna sedhengan njamur kuping, pipine nduren sajuring . Lathinya manggis karengat, waja limpit miji timur, lamun mesem pait madu.
Pinanganten pruti ngagem kebayak ingkang warnane, sinulam benang kencana. Nyamping sidomukti kembar kaliyan kang denagem penganten kakung. Mratandhani lamun wus kembar tresnane manunggal ing sedyane./ Bebasan wus tir padha irenge, yen di tir ya padha irenge.
Ingkang lumaksana jajar kalih ing sisih wuri , menika ta para warara kang cinandra kadi putrid Dhomas./ Sedaya samya sulistya ing warna, dhasar maksih Kenya, upamiya sekar nembe dedheng mangurah sari, pramila datan mokal lamun dadya punjering kawigatosan tumrap para jejaka tumaruna ingkang samya priksa
Sumusaul sawingkingipun nenggih para kadang sentana saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah ing madya mangun karsa. Dene pinangka panutuping lampah, nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah tut wuri handayani
Nalika samana, sampun mentar rising penganten sarimbit , laju tindakroa, manjing panti husana.
Pramila pinunggel semanten rumiyin pangrumpaka Adeging Kirab Kanarendran, hangantu ing mangke tumapaking Kirab kasatriyan.

Sabtu, 16 Januari 2016

Tuladha Panyandra Panggihing Penganten



Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ………… nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila – ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika :
1. Landhep Panggraitane,
2. Tanggap Ing Sasmita, lan
3. susila hanuraga.
Punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu – Hayom – Hayem – Hangayomi gesanging bebrayan agung. Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati.Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane, pinesthi dadi jatu kramane. Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga.Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.Paripurna titilaksitaning upacara panggih, putra temanten sekalihan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawanasalaminya.Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinata, nuwun.



Pasrah Manten Kakung

kawulo nuwun.....


Kaparenga matur dumateng panjenenganipun Bapak ……………….. ingkang jumeneng sumulih sarira penjenenganipun Bapak/ Ibu ……………….. dene sowan kula wonten ngarsa panjenengan dhapur minangka utusan sinaraya dening Bapak/ Ibu ……………………… sagotrah.
Langkung rumiyin kula hangaturaken kasugengan, katentreman, kabagyan miwah pepajaring Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa lan kasarira ing panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.
Dene awit saking sih kadarman miwah palimirmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, anggen kula sak pangombyong ngirid lampahing (calon) temanten Kakung wiwit saking griya ……….. ngantos dumugi ing sasana Pawiwahan ngriki pinaringan rahayu kalis ing sambekala lan rubeda.

Ingkang angka sepisan.
Panjeneganipun Bapak/ Ibu ……………………… ngaturaken kawilujenganipun mugi katur ing ngarsanipun Bapak ………………… sakbrayat.

Kaping kalihipun.
Mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu ………………….. ngaturaken salam taklim (sembah sungkem/ bekti) konjuk ngarsanipun Bapak …………………. sekaliyan garwa.

Jangkep ingkang kaping tiganipun.
Hanetepi rerantaman ingkang sampun karembag dening para-para ingkang samya amamangun bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen anggandhek (calon) temanten kakung ingkang peparab bagus ……………….. ingkang badhe kadhaupaken (kaijabaken) kaliyan atmaja putrinipun Bapak/ Ibu ……………….. ingkang asesilih kusumaning ayu Dyah …………………..
Ingkang punika mbok bilih samudayanipun sampun jangkep ing reh tata rakiting upacara, kula sumanggakaken anggenipun badhe enggal anindakaken tumapaking adicara kasebat.

Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/ Ibu …………………. sabrayat, kapareng handerek memuji ing Ngarsa Dalem Gusti, mugi tumapaking adicara dhauping (ijabing) temanten sarimbit tansah ingayoman dening Pangeran Ingkang Maha Asih, wintu ing karahayon uwal saking sakathahing reribet.
Ing wasana, kirang trapsila pisowan kula sumrambah para kadang waris pangayabing Temanten kakung, punapa dene kithal kuciwaning atur ingkang boten nuju prana, labet kula inggih namung titah sawantah ingkang boten saged uwal saking sakathahing dosa miwah kalepatan, kanthi andhap asoring manah kaparengna anyadhong lumunturing sih pangaksami.
Hayu-hayu rahayu ingkang samya pinanggih,

Nuwun


Tuladha Panyandra Kacar-Kucur




Kacariyos dupi wus ngancik ing titi laksono, penganten kakung daya daya jumeneng ngasto tilam lampus, ingkang isi wos kapuroto jowo kethos polowijo sekar ponco warno miwah arto receh, kasuntak ing pangkoning kang garwo, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekto
Guno tompo koyo kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring guna koyo mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guno tompo koyo pralambang  tanggel  jawabing priyo dumateng wanita.

Minongko tetunggaling kulawargo darbe  tanggel jawab nyekapi sandang, baga ing kulawarga, tanpa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arto pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing tembe kacekapan sandang baga. Syukur bage  pinaringan kesugihan, lamun pinaringan kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih.

Kawuryan risang pinanganten putri anampi tampa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan amung sajugo, sung pratandha dados wanodyo ingkang gemi nastiti, surti  tur kebak ing pangati-ati.
Asiling tonpo koyo laju katitipaken mring wanodyo kang pinitados rumekso kawidagdaning tanpo koyo nun inggih ingkang ibu. Purna nitipaken tonpo koyo, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana palengahanira nenggih dampar rinengga."


Panyandra Temanten Kakung Tumuju Sasana Panggih







Binarung swaraning pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino, kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.

Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nucwring sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.

Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temantene kakung ingkang ngembo busananing narpati. Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah tutwuri mbinayangkare.
Tindakiro lengkeh lengkeh anyardulolopo, lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,

Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak siniwoko.


Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho dumateng kang sampun kapiji.


ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN



ATUR PAMBAGYA HARJA  NGUNDUH PANGANTEN


Nuwun:
Ingkang  kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang  kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati
Assallamu  Alaikum Wbrt.
Keparenga   paring palilah  kula semela atur  sawatawis,  nuhoni pamundutipun Ibu .........., pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka  purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji
syukur  wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun  peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Menggah  atur saking panjenganipun Ibu ............
Sepisan:
Ibu  ............  ngaturaken  kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal   wedal  nuhoni panyuwunipun Ibu .............
Mugi karawuhan  panjenengan  tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Ibu ........ ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra  miwaha siwi  ngunduh penganten sarimbit  Bagus……………..pikantuk putra Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing ..........
Menggah ijab kobul saha pawiwahan  sampun kalampahan dinten ......................
Inggih awit  saking pujo- puji  , pangestu, saha pandongga ,saking  sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan  nir ing sambi kala.
Ibu .............. nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah  sumadya. Tinebihno ing  godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
Ibu .................... ngaturaken,  agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman  panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha  dadosaken  lancer,  rancak, sumaraking  pahargyan ing siang  punika.
Ewa semanten  Ibu .................. boten saget atur pinwales  punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaning Gusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih  pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. Ibu  Hartanta  anggenipun kagungan kersa  ngunduh penganten,  sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati, ewa semanten  tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung  gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan  kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.
Ibu .............  ugi nyuwung gungan   dumateng  sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur  wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila,  wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga  pinanggih,

akhirul kalam wbst.

ATUR PAMBAGYAHARJA PAHARGYAN TEMANTEN



Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ……………………ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ........... ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ……………. ingkang hamengku gati, kula pun ……………… lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bp/Ibu ……….. gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :

asesilih Rara Ayu ............... ingkang sampun kadhaup dening Bagus............... putra panjenenganipun Bp/Ibu .................

 peparab Bagus ........... ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ayu ............... atmaja putrinipun Bp/Ibu .................
ingkang pidalem ing.....................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten ........... nyarengi surya kaping ................... titiwanci tabuh ............ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing........... kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu.............. gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu………..mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu……….. anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu ……….. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ............... sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.

Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ………….. gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Tuladha Atur Sabdatama


Minangka pamundutipun para kadang sutresnaning budaya jawi, menika tuladha atur sabda tama kangge ular-ular ing saklebeting pahargyan temanten.


Assalamu,alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun, kalawau kadang pranatacara nyebataken bilih kula ingkang badhe paring sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhumateng temanten sarimbit. Pancenipun dereng darajat menawi kula paring sabdatama, jer demung Sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi naming Pangeran ingkang dados tuking samukawis, mandhapipun dhateng salah satunggaling Raja ingkang nembe siniwaka. Mbok menawi tembung sabdatama ing riki, mengku teges wulang utami dhedhasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran, ingkang sampun kawahnya ing serat-serat suci.
Sanadyan kanthi awrating manah, karana ing mriki kathah rawuhipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, saha para wasis babagan wulang utami, parikedah boten saged hambantah, minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bebrayan, jer nyatanipun sanadyan langkung wasis tuein pinter anakmas temanten sekaliyan menawi kaliyan kula, nanging tumraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh. Punapadene panjenenganipun para tamu ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining purug anggen kawula hamakili panjenengan sadaya, suka wawasan tumrap theg kliweripun patembayatan bebrayan enggal.


Anakmas temanten sarimbit,
Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika salah satunggalipun kedaha nindakaken pakarti gangsal prekawis ingkang sinebat Malima. Malima ing mriki saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu lan metu.


Mlumah, punika nglumahaken tangan, utawi kridaha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

Mengkurep, punika ngurepaken asta, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih. Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulung, nanging aja nganti diweruhi dening wong akeh. Upama nindakake dana driyah, tangan tengen menehi dhuwit, paribasane tangan kiwa aja nganti weruh.

Modot, punika modot pikirane, modot nalare, tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alamdonya punika kedah tandah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.


Mlebu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi sanubari, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.

Metu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Kajawi nindakaken Malima, resepipun bebrayan sae, punika kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila.
Miturut ngendikanipun Ki. Sri Sadhono Among Rogo, Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipun piyambak boten sakeca lan prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes.
Dana ing tepa tegesipun raos pangraos makaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen.
Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhateng garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salamanipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa Putri, semanten ugi, adatipun saged nyaketaken sih tresnanipun kakung.


Kajawi punika ugi kedah nindakaken Sacatur, inggih punika Sarupa, sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.
Sarupa, tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak.
Sajiwa, tegesipun kedah saged momong watak, satunggal-satunggalipun.
Sawanda, tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih.
Saekapraya, tegesipun kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.


Hambok bilih namung semanten kemawon anakmas temanten, menggah anggen kula suka wawasan saha nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Minangka puputing atur, menawi wonten keladuking pangucap saha kiranging seserepan babagan wulang utami nyuwun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.