kawulo
nuwun.....
Kaparenga matur dumateng panjenenganipun Bapak ……………….. ingkang jumeneng
sumulih sarira penjenenganipun Bapak/ Ibu ……………….. dene sowan kula wonten
ngarsa panjenengan dhapur minangka utusan sinaraya dening Bapak/ Ibu ………………………
sagotrah.
Langkung rumiyin kula hangaturaken kasugengan, katentreman, kabagyan miwah pepajaring Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa lan kasarira ing panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.
Dene awit saking sih kadarman miwah palimirmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, anggen kula sak pangombyong ngirid lampahing (calon) temanten Kakung wiwit saking griya ……….. ngantos dumugi ing sasana Pawiwahan ngriki pinaringan rahayu kalis ing sambekala lan rubeda.

Ingkang angka sepisan.
Panjeneganipun Bapak/ Ibu ……………………… ngaturaken kawilujenganipun mugi katur ing ngarsanipun Bapak ………………… sakbrayat.

Kaping kalihipun.
Mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu ………………….. ngaturaken salam taklim (sembah sungkem/ bekti) konjuk ngarsanipun Bapak …………………. sekaliyan garwa.

Jangkep ingkang kaping
tiganipun.
Hanetepi rerantaman ingkang sampun karembag dening para-para ingkang samya amamangun bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen anggandhek (calon) temanten kakung ingkang peparab bagus ……………….. ingkang badhe kadhaupaken (kaijabaken) kaliyan atmaja putrinipun Bapak/ Ibu ……………….. ingkang asesilih kusumaning ayu Dyah …………………..
Ingkang punika mbok bilih samudayanipun sampun jangkep ing reh tata rakiting upacara, kula sumanggakaken anggenipun badhe enggal anindakaken tumapaking adicara kasebat.

Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/ Ibu …………………. sabrayat, kapareng handerek memuji ing Ngarsa Dalem Gusti, mugi tumapaking adicara dhauping (ijabing) temanten sarimbit tansah ingayoman dening Pangeran Ingkang Maha Asih, wintu ing karahayon uwal saking sakathahing reribet.
Ing wasana, kirang trapsila pisowan kula sumrambah para kadang waris pangayabing Temanten kakung, punapa dene kithal kuciwaning atur ingkang boten nuju prana, labet kula inggih namung titah sawantah ingkang boten saged uwal saking sakathahing dosa miwah kalepatan, kanthi andhap asoring manah kaparengna anyadhong lumunturing sih pangaksami.
Hayu-hayu rahayu ingkang
samya pinanggih,
Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar