Rabu, 27 Januari 2016

KIRAB KANARENDRAN



Sindhem premanem datan sabawa, ron-ronan datan ebah samirana datan lumampah. Hamung larasing gendhing Ktw. Langen Gita Sri Narendra munya hangrangin yayah asung pakurmatan dhumateng Dri Penganten sarimbit kang nembe kirab.
Dupi sampun sawetawis nggennya lenggah ing dhampar pelaminan, ing mangke Sri atmaja pinanganten sarimbit sampun kepareng jengkar saking sasana adimulya, arsa manjing panti busana, Keparenging karsa nedya lukar busana keprabon, gumbanti hangrasuk busana kasatriyan.
Lamun cinandra tataning lampah, ingkang lumaksana ing ngayun nenggih punika ta ingkang sinebat sang Subomanggala. Sinteta ingkang kepareng pinangka Subamanggalaning lampah ?. Tan sanes nenggih panjenengaipun Ki Lurah Badranaya. Dhasar sampun yuswa, lebda ing budaya, katitik tumapaking pada tansah nut wiramaning gangsa, sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Jroning lumaksana, sakedhap-sakedhap noleh nganan, sakedhap-sakedhap noleh ngering , sakedhap-sakedhap tumoleh wingking, Sayekti asung teuntunan dhumateng Sri Penganten sarimbit, murih tansah hanengenaken mring rasa pangati-ati, samubarang tumindak kedah linambaran petangan ingkang pratitis.
Sawurining sang Subomanggala, katingal ana jejaka tumaruna lumaksana jajar, busana kembar sarwi jenar, punika ta ingkang sinebat Manggalayuda ya talang pati ugi winastan Satriya kembar. Jroning lumkasana tansah mabukuh yayah prayitneng kewuh, hanjagi kayuwananing sang pindha Narendra. Dhasar satriya kekalih samya bagus pasuryane, sembada salirane, pramila pantes lamun kinarya bebetenging sri nata jroning lumaksana. Sinteta ingkang piniji pinangka Talang pati? nenggih Dhimas Bambang Priyambada dalah Bambang Wijarnarka.
Ingkang lumaksana sawingkingnya Manggalayuda, punika tawarnane patahing temanten. Pinaragan dening Nini Endang Aryani dalah Nini Endang Palupi. Sanadyan maksih wanodya alit, parandene sampun bangkit hangarah prana ingkang samya priksa. Mratandani bilih benjang dewasane tentu bangkit hangentasi karya.

Ingkang katingal abyor busanane, lumaksana tansah gegandhengan asta, nenggih punika ta gegununganing pahargyan, ya rising pinanganten sarimbit. Kekalihira samya sembada ing warna dhasar rinengga busana kang sarwa endah. Eling-eling sanes busana limrah , nanging tuhu pepethinganign busana. Mila mboten mokal kalamun pinanganten sarimbit datan mantra-mantra jalma madyapada , kawistara pindha Bathara Komajaya Komaratih mangejawantah.
Pinanganten kakung ngagem busana narendra, makutha kanigara, pinalipit rukmi ginepeng, pinatik rukma kumala. Atela warna kresna, sinulam benang kencana. Ngagem Sangsangan rinengga inten barleyan, carob kalayan sangsangan puspita rinonce, sinawang tuhu hangwimbuhi bregase temanteng kakung. Wangkingan warangka ladrang rinengga oncen-oncening puspita, kinarya lumksana ebah-ebah nambahi gagah. Nyamping Sidomukti pinarada, sayekti katon wibowo.

Pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang sulistya ing warni Gandhes luwes merak ati, sasolahe milangoni,. lelewane tansah hanuju prana. Kawimbuhan dedeg ngringin sungsang, prkulitan kuning nemu giring, guwaya mawa teja, polatan ndamar kanginan, wadana lir kirana purnmasidi. Alise nanggal sepisan, idepe tumengin tawang, netra kocak lindri-lindri , grana ngrungih, karna sedhengan njamur kuping, pipine nduren sajuring . Lathinya manggis karengat, waja limpit miji timur, lamun mesem pait madu.
Pinanganten pruti ngagem kebayak ingkang warnane, sinulam benang kencana. Nyamping sidomukti kembar kaliyan kang denagem penganten kakung. Mratandhani lamun wus kembar tresnane manunggal ing sedyane./ Bebasan wus tir padha irenge, yen di tir ya padha irenge.
Ingkang lumaksana jajar kalih ing sisih wuri , menika ta para warara kang cinandra kadi putrid Dhomas./ Sedaya samya sulistya ing warna, dhasar maksih Kenya, upamiya sekar nembe dedheng mangurah sari, pramila datan mokal lamun dadya punjering kawigatosan tumrap para jejaka tumaruna ingkang samya priksa
Sumusaul sawingkingipun nenggih para kadang sentana saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah ing madya mangun karsa. Dene pinangka panutuping lampah, nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah tut wuri handayani
Nalika samana, sampun mentar rising penganten sarimbit , laju tindakroa, manjing panti husana.
Pramila pinunggel semanten rumiyin pangrumpaka Adeging Kirab Kanarendran, hangantu ing mangke tumapaking Kirab kasatriyan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar