ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN
Nuwun:
Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan
ingkang kula hurmati
Assallamu Alaikum Wbrt.
Keparenga paring palilah kula semela
atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Ibu .........., pinangka sulih
sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek
aken ngunjukaken , puja-puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng
gesang, ingkang sampun peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing
kalenggahan ing siang punika.
Menggah atur saking panjenganipun Ibu ............
Sepisan:
Ibu ............ ngaturaken kawilujengan
menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun
kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni
panyuwunipun Ibu .............
Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu
ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Ibu ........ ing titi kalenggahan siang punika nuhoni
jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra miwaha siwi ngunduh penganten
sarimbit Bagus……………..pikantuk putra Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing ..........
Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun
kalampahan dinten ......................
Inggih awit saking pujo- puji , pangestu,
saha pandongga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan
ijab Kabul sampun kalampahan nir ing sambi kala.
Ibu .............. nyuwun gungan kepareng sagung tamu
ingkang kinormatan kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit
mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk
pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh,
ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing godha rencana ,
cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
Ibu .................... ngaturaken, agenging panuwun ikang
tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman panjenengan ingkang arupi punopa
kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha
dadosaken lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing
siang punika.
Ewa semanten Ibu .................. boten saget
atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaning Gusti, mugi
sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing
panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken
kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. Ibu Hartanta
anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun krancang,
karacik, saha katiti, kanthi permati, ewa semanten tasih kathah
kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan
panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung
gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan kepareng paring agunging
pangak sami ingkang linangkung.
Ibu ............. ugi nyuwung gungan
dumateng sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan
ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula
matur wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila,
wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,
akhirul kalam wbst.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar