Rabu, 27 Januari 2016

Kirab Kasatriyan



Lamat-lamat kapiyarsa larasing gendhing Ktw. Subokastawa, nalika samana sampun binuka wiwaraning panti busana. Tan pantara dangu, katingal Sri atmaja pengantern sarimbit dening Ki Subomanggala gya kakanthi manjing madyaning sasana pahargyan.
- Tataning lampah sajuru-juru kadya napak tilas tataning kirab sakawit . Ingkang lumaksana ing ngayun nenggih sang subomanggala, sumusul sawingkingipun sang manggalayuda. Datan kantun Patah sakembaran, ingkang tan keri kalayan kepete.
- Sawingkingipun patah, punika ta warnane rising pinanganten sarimbit, kang wus hangrasuk busana kasatriyan. Pranyata wasis paraga ingkang piniji hamranata busananing pinanganten, sayekti datan wonten ingkang kuciwa. Sintenta paraga ingkang piniji pinangka juru raising penganten ? Tan sanes nenggih panjenengaipun Ibu Wara Drupadi, saking sanggar rias pengantin “Busana Adi” ingkang mapan ing Jalan Silihwangi angka 12 Madukara
- Saya wimbuh bagus pasuyane pinanganten kakung, saya wimbuh sulistya citrane pinanganten putri, sawusnya hangrasuk busana kasatriyan. Lamun sinawang yayah satriya Jenggala R. Panji Asmarabangun kaliyan putrid Kedhiri sang Dyah ayu Galuh Candra Kirana
- Jroning lumaksana kekalihira tansah akekanthen asta prasasat tan bisa pisah, pindhane renggang gula kumepyur glali. Kekalihira satuhu wus trep pindha curiga manjing jroning warangka. Sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri parandene kekalihira wus manunggal ing cipta rasa myang karsane …. Paraning sedya arsa lelayaran ing samodraning agesang bebrayan, sajuga kang sinedya nggayuh kulawarga kang bagya lan mulya. Pramila jroning lumaksana tansah bambabar esem kang sarwa manis , ing semu kejawi hangaturaken agungin panuwun, nangin ugi tansah nyuwun tambahing pangestu dhumateng sagung para tamu, murih sembada ingkang sinedya.
- Gantiya ingkang winuwus. Tan kadi ingkang lumaksana ing sawingkingin pinanganten sarimbit, nenggih para putri dhomas. Adhampyak-dhampyak lampahe sarwa sigrak, dedeg piadege racak, dhasare endah anggone macak, eseme esem semanak, mila mboten mokal lamun ingkang nyawang samya cingak. Pramila ambokbilih saking para sepuh samya kepingin mundhut mantu, utawi ingkang jejaka tumaruna kepingin pitepangan, keparenga sesambetan kaliyan protokole.
- Panutuping Kirab nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit. Samya bombing jroning pengghalih, dupi hamriksani pinanganten sarimbit datan kuciwa. Saya wuwuh sukaning penggalih para werdha catur, pindhane kadya kajugrugan wukir sari karoban samodra madu, dupi hamriksani kathahing para tamu ingkang samya kepareng rawuh. Katingal para tamu samya karenan jroning penggalih, pratandha suka jumurung hastuti mring kang lagya hanawung darmaning asepuh.
- Tan rinasa, ing mangke rising penganten sarimbit wus ngancik unggyan kang tinuju. Daya-daya dening Ki Subomanggala gya kaaturan lenggah malih ing dhampar pinasri
- Gelishing carita, dupi wus sembada hangayahi karya, ki subomanggala gya paring sasmita dhumateng para pngayabing kirab, kinen wangsul ing papan sakawit. Mundure Ki Subomanggala sinambi jejogedan pratandha suka jroning nggalih dupi wus bangkit hangentasi karya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar