Rabu, 27 Januari 2016

PANYANDRA PENGANTEN PUTRI WIYOS PINUJUSASANA RINENGGA



1. Penganten putri miyos saking panti busana, lenggah ing sasana rinenggga.

- Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyura, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga
- Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswarinata, tinon saking mandrawa kawuryan abyor mompyor pating galebyar pating calorot pindha kartika gumingsir papan
- Meloking wadana, sumunu agiler-gilar pindha kencana binabar. Palarapane nyela cendhani sinungging pepaes awarna kresna. Rikma anjanges cecundhuk pinetha wulan tumanggal, den apit centhung kanan miwah kering lir peksi jiwa-jiwa.
Cundhuk mentul pinasng tata pinatut, katiyubing maruta manda pindha astane wong ayu kang lagi ngawe-awe kekasihe / Ukel tekuk kapenet ing sesekaran pinilih, lamun kadulu tuhu wimbuh hamantesi. Lamun cinandra kasulistyaning penganten putrid, sayekti luwih warna kurang candra. Dhasar sedheng dedege, mantesi genging sarira, sasolahe milangoni lelewane tansah hanuju prana , anggambaraken lamun pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang pinter bekti marang kakunge.
- Ing mangke nggenya lumaksana pinanganten putrid, wus ngancik unggyan kang tinuju. Dening juru sumbaga gya kaaturan lenggah ing dhampar pinasri
- Nalika samana, pinanganten putrid wus lenggah anggana raras, tegese lenggah piyambak-an . Jroning nggalih hamung tansah hangantu rawuhipun ingkang raka garwa, prandene datan kawijil pangandikane, hamung semuning wadana sung sasmita mugi pinanganten kakung daya-dya kaaturan rawuh.
- Pramila mbalung jagung supama, pinunggel semanten rumiyin, pangrumpaka adicara lenggahipun pinanganten putri ing sasana rinengga, tumuli badhe hangancik adicara salajengipun. Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar