Rabu, 27 Januari 2016

Sungkeman



Dupi priksa lamun para pepundhen catur sampun kepareng lenggah, pinanganten sarimbit daya-daya jengkar saking palenggahan gya hangaturaken sungkem mring rama ibu. Candrane tansah kairing puja mugi tansah rahayu.
Nalika samana, sampun jengkar rising pinanganten sarimbit repepeh-repepeh pindha sata matarangan, ngabyantara ing ngarsa rama saha ibu. Wadana tumungkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta sumembah, sinartan eninging cipta nyadhong pangastawa saking rama ibu.
Gilir gumanti pinanganten sarimbit hangaturaken sungkem mring pepundhen catur. Sanadyan lir sinendhal mayang penggaliipun rama ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, parandene para pepundhen catur samya paring donga pangestu dhumateng pinanganten sarimbi. Mugi-mugi nggennya badhe amangun balewisma ing madyaning bebrayan agung, tansah tansah manggih cepaka mulya sawakul gedhene, liripun sageda tansah sembada kang sidedya, jumbuh ingkang ginayuh lan dumugi ingkang kaesthi. Lestari pinesthining jodho, atutruntut bagya lan mulya, tebih saking gora godha lan rencana.
Sampun paripurna adicara sungkeman, salajengipun pinanganten sarimbit arsa tedhak citra utawi foto sesarengan rama saha ibu, kinarya pepenget tumapakaking prastawa gati ing wanci punika.
Kanthi upacara tedhka citra, pratandha paripurna upacara adat panggihing pinanganten sarimbit. Daya-daya hangancik adicara salajengipun. Nuwun.

Katrangan : 
- Menawi nembe mantu sepisanan, padatan wonten upacara Bubak kawah. Dene cak-cakanipun wonten ingkang dipun damel rowa kanthi nyariosaken pinanganten wiwit tasih wonten kandhutan ngantos diwasa, uborampenipun ugi warni-warni. Nangin ugi wonten namung reringkesan, inggih punika kanthi ngunjuk rujak degan (degan gambaranipun kawah). Sedaya kala wau ngemu pasemon pangajabipun Rama Ibu dhumateng pengantin sarimbit, pinaraingana gangsar, rancak ing sedayanipun salebtipun miwiti mangaun balewisma. Sageda nulat lekasipun rama ibu, saged ambabar turas turun kinarya nyambet sujarahing rama ibu satemah damel mareming raos para sesepuh.
- Menawi mantu ingkang pungkasan, dipun adani upacara Tumplak punjen. Cak-cakanipun rama ibu ambagi pundhi-pundhi (kanthong) isi empon-empon , woj jene , arta receh, dhateng putra wahah. Wonten ugi ingkang mboten dipun kanthongi nanging dipun sebar lajeng kangge rebatan putra wayah.
Dene werdinipun, rehning sampun rampung kewajiban rama ibu dhateng putra, pramila tirahan rejeki peparingipun pangeran, dipun paringaken dhateng putra wayah kinarta netepi jejering sepuh tansah paring tutur, wur lan sembur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar