Jumat, 05 Februari 2016

Candra Bubak Kawah



Amestuti wasita adi sabdaning para winasis, dupi dumugi wayaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nun inggih Bapak miwah Ibu ….. sigra jumangkah anetepi darmaning agesang, wigati amberat sakathahing durgama, jer pungkasan anggenira amiwaha putra mahargya siwi, kanthi sarana ambikak kawah.

Wusnya binuka warana tutuping sesaji, tinon kendhaga kalih winor ing cahya sumunu, sajuga winastan kendhaga kencana. Dene ingkang sawiji winastan kendhaga mulya. Jroning kendhaga kawistara sunar warni seta myang rekta. Ingkang seta sinebat cupu adi mandhalika, dumadi saking pakartining bapa. Ingkang rekta sinebat cupu manik asta gina, dumadi saking pakartining biyung.
Kacarita, duk kalaning Bapa ………murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning Gusti. Kama awarna seta manunggal kang awarna rekta. Nulya Ibu …… kaparengaken anggarbini.

Antuk sacandra denira anggarbini ponang dat mulya ngambah alam eka kamandanu, dwicandra dumugi alam dwi panunggal, tricandra ing alam triloka maya, ugi winastan alam gondar-gandir, alam keliwat gawat, ingkang minta wewekaning rena.
Tulus lestari gya ngambah alam catur hanggajati, wulagang neng guwa garba, dinayan ing sarining pratiwi, bahni, banyu, miwah bayu, jangkep caturcandra, pinaringan gana bau. Pancacandra ngancik loka pancayitma jati. Sadcandra pinaringan sipat jangkep, mungging sadlokajati. Sapta kawasajati yeku alaming ponang jabang ingkang wus saptacandra, wus ginadhuhan pancadriya. Mila kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati, jati temah waluya.

Kocapa ing kalanira dereng wanci tumelunging wahyu tumulung, amila kaki nini jabang aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningken pancadriya, papat binerat, sajuga sinidikara, anut laksitaning bratajaya, anenggih bajra herawana.
Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning Sang Murbeng Gesang. Wudhar denira samadi ring loka astha sabda jati, amarengi kalaning asthacandra winahya. Nawacandra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking loka nawapurna jati, sumeleng suwung wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat, prapteng alam padhang lokapana, acecala sabda mulya cenger.

Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margaina. Kakang kawah, rahmuka, miwah adhi ari-ari. Jabang ambabar putri, wanci sapeken kaparenging rama ibu tinengeran Rara ……. Enggaling kang winursita, wit wekel taliti talaten anggenira anglelithing anggulawenthah, sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, katrampilan, kagunan, miwah kasusilan satatakramanipun, putra putri wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, anggung gumbira, wasis trampil, sinembuh ing sulistya.

Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah sembada jinatukrama dening sang satriya sumbaga wirotama ingkang wus sahabipraya kekasih Bagus ……. Atmajanipun Bapak saha ibu ………ingkang hanggung mastuti ing kautaman.
Mangkana ta wau saparipurnaning prastawa tuhu wigati wiwahaharja, panganten putri
sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas sagunging saru siku, anyenyandhang nugraha raharja bagya mulya.

Risang temanten sarimbit nulya samya lenggah jajar sumandhing, sesarengan anguningani isining kendhaga kencana sarta kendhaga mulya. Sri temanten wus tunggil tekade saiyeg saekakapti amangun brayan darmaning tumuwuh rama ibu, para sepuh, warga gotrah, sumawana kadang mitra tuwin ingkang sudi sredha angestreni, samya manembrama mangastungkara mangastuti manungku puji mrih kang tigas kawiwaha pinaringan wilujeng ing donya tuwin akerat, jejeg jumangkah, jajag jumurung kang jinangka, bagya, sumbaga, subagya.

Kasigeg panindaking upacara bubak kawah. Wonten kirang jangkeping tutur, galap-gangsul, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang jangkepipun pamengku. Saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar