Jumat, 05 Februari 2016

SUNGKEMAN

Penganten kakung wus jengkar saking dhampar dhenta, kursi rinengga, anganthi ingkang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi, nenggih rama lan ibu, lampah dhodhok bebasan sata matarangan, esthining penggalih amung sumedya sumungkem dhateng padanipun ingkang rama ibu, sigra tumungkul yayah konjem pratala i wadanane temanten sarimbit,
Tangkepeng asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipta rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudya hastawa puji hastuti saking rama miwah ibu, mring esthining driya denira bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Maha Welas lan Asih.
Dupi sinungkeman ing pepadanira ingkang rama miwah ibu, datan bisa ngunandika, kadya sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih, dene putra kang linairake saiki wus diwasa arep mangun bale wisma, datan karasa trenyuhing driya akarya tumetesing waspa lamun cinandra kadya mutyara rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putra, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresna asih.
Apa ta menggah darunane…..?
Jro sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikala linairake aneng jagad padhang, ginadhang gadhang kinudang kudang wiwit alit engga diwasa,
Enget marang rama ingkang wus sembada angukir jiwa ragane miwah dadya lantaraning tumuwuh.
Enget marang ibu ingkang wus kuwawa dadya sasana yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anglelithing anggulawenthah wiwit kalane ing guwa garba nganti tumekeng akhir diwasa, rumaos menawi ageng sanget anggenipun kathah dosanipun dhateng rama ibu lan kapetangan budi, enget kapan saged atur piwales.
Eling – eling risang panganten wiwit timur mula anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amila namung sakedhep netra wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa cekap ing samudana.
Waspada ing semu dupi anguningani bilih ingkang putra denira karerantan galih, kadya kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasita adi, mangkana ta umpami kawijiling lesan . :
“ Dhuh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik sira dak kekudang yen ta diwasamu bisa winengku dening satriya tama , ingkang sembada hangayomi jiwa ragamu ing donya prapteng delahan, ing kalungguhan iki, sepira ta lega bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang mengkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Maha Agung, Pangestune rama ibu marang sira sakloron bebasan tansah anglur selur pindha ilineng narmada, muga anggonmu palakrama bisa tuwuh hangrembaka, nganthi tumekaning kaki nini, alandhesan darmaning rasa tresna kang hangrembaka, binarung lan pangestune rama ibu kang wus satraju marang palkramamu , bisa atut runtut kadi mimi lan mintuna, mugya tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerta lan godha rencana, sarta dak sesuwun ing rina pantaraning ratri, muga enggala antuk talining brayat , yaiku wujuding pratima kang bangkit bisa tata jalma, ingkang datan liya momongan minangka rengganing bale wisma lan talining bebrayan “.
Dupi wus paripurna anggenipun sungkem pangabekti dhateng padanipun rama-ibu, temanten sarimbit kanthi kebak tata susila, subasitaning putra dhateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arsa nglenggahi dhampar rinengga.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar