Jumat, 05 Februari 2016

Candra menawi ngagem Beksa

       Beksan Gambir Anom Gandrung


Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman asmara kayungyun marang kasulistyane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati.

Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih amung sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil aneng padoning netra, tumus ring tung-tunging nala. Linali-lali saya ngagela ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar, lamun dalu tan arsa nendra.

Lenggah datan bisa jenak. Obah datan krasa kapenak, labet denira karungrungan anandhang wirangrong. Mapan mangkana salagane janma kataman brangta kunjana papa. Ingarih-arih tan bangkit lilih, ingela-ela tan mantra piguna.

Kasigeg panyandraning beksan Gambir Anom. Wonten kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.


Panyandra Beksan Panji Sekartaji

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Ana sesotya coplok saking embanan tumibeng wana. Pranyata menika musthikaning ayu Putri Praja Jenggala, ingkang asesilih Dewi Sekartaji, inggih Dyah Ayu Galuh Candrakirana.

Kasangsaya ing turida, rudatine angranuhi, ngrencaka temah wigena, kasurang-surang nahen kung. Analasak wanawasa, tan samar pringga bayaning margi. Sayahing ingkang sarira datan rinasa, rusaking busana datan dadya karana.

Awirandhungan lampahira, saisining wana samya arebat bela sungkawa, parandene tan bangkit nyuda tikbraning nala ingkang amangun wulangun.
(Dewi Sekartaji atawan waspa sarwi asesambat angaru-ara)
“Kambang-kambang kumembeng rasaning ati, tinilar ing garwa, winawas tan bakal bali, lila lamun luluh lana.”
Hangga rapuh sarira hangalentrih, pindha linolosan bebayunira. Sapandurat datan emut purwa duksina, datan pana keblating jagad, sakala dhawah kapindhara.

(Panji Asmara Bangun marepeki Sang Dewi).
“Marbuk arum amrik minging gandanya, cumlorot tetarungan tejanira. Yeka tejanira Sang Panji Asmara Bangun, ugi kekasih Raden Panji Inu Kertapati. Putra Narendra Kraton Jenggala, wus sawatara mangsa lolos mendra saking praja, datan pepoyan kalawan ingkang garwa.

Kalokengrat bregase sang narendratmaja, dhasar mumpuni marang reh ingering kaprajan, putus mring saliring wedha palupi, lebda marang adi luhung endah edining budaya.
Waspada mulat sang abagus, kanyata ingkang nembe kapindhara jebul ingkang garwa. Marma gita-gita denparepaki, sarwi rinangkul arsa rinaras. Dinuwa karsaning raka datan linanggatan, jer ing galih maksih kogel, mangkel, asemu anyel.

Tetela Sang Dewi nglenggahi jejering wanitatama, kamantyan setya ing kakung, pakartinira mangkana yekti amung kinarya samudana leleda marang ingkang raka kewala. Kadi panjang putra dhawah ing sela gilang, pyur, sang kapirangu apagut tingal, marbuka asiking batos, rerangkulan humangsah akaronsih. Panggah pungguh tangguh tanggon ing patunggon, amberat sungkaweng tyas denira dadya lelakon.

Sigeg panyandraning Beksan Karonsih Panji Sekartaji. Wonten kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar